4 “He para wong lanang, sira kang Sunpituturi,marang para anaking manungsa, swaraningSun Suntujokake.
5 He wong ora duwe pangalaman, padha ngupayaa kapinteran,he para wong ndableg, padha mangretenana iku ing sajroning atimu.
6 Padha ngrungokna, awit Ingsun bakal ngandikakake prakara kang jero,lan arep mbikak lathiningSun lan nglairake prakara kang bener.
7 Awit lidhahingSun nggelarake kabeneran,lan duraka iku kanisthan tumrap lathiningSun.
8 Apa kang metu saka ing lesaningSun iku adil,ora pisan-pisan ana kang mlinthat-mlinthut utawa cidra.
9 Kabeh iku cetha tumrape wong kang pinter,sarta bener ingatase kang duwe kawruh.
10 PamerdiningSun iku tampanana ngluwihi salaka,lan kawasisan ngluwihi mas murni.