7 Awit lidhahingSun nggelarake kabeneran,lan duraka iku kanisthan tumrap lathiningSun.
8 Apa kang metu saka ing lesaningSun iku adil,ora pisan-pisan ana kang mlinthat-mlinthut utawa cidra.
9 Kabeh iku cetha tumrape wong kang pinter,sarta bener ingatase kang duwe kawruh.
10 PamerdiningSun iku tampanana ngluwihi salaka,lan kawasisan ngluwihi mas murni.
11 Awitdene kawicaksanan iku ajine ngungkuli raja-peni,sarta apa bae kang dikepengini wong, ora ana kang madhani.
12 Mungguh Ingsun, Sang Wicaksana, nunggal bebarengan karo kapinteran,lan Ingsun nemokake kawruh lan kawicaksanan.
13 Wedi-asih marang Sang Yehuwah iku sengit marang piala,Ingsun sengit marang piangkuh, ambek kumlungkung, sarta polah-tingkah kang ala,apadene cangkem kang kebak cidra.