4 “Sapa kang ora duwe pangalaman, padha mrenea,”lan para wong kang cupet ing budi, didhawuhi mangkene:
5 “Mara padha mangana roti peparingSun,lan ngombea anggur kang wus Suncampur;
6 ninggala kabodhoan, supaya padha urip,lan nuruta dalane pangreten.”
7 Sing sapa mulang wong kang ambek memoyok, iku nekakake pamoyok marang awake dhewe,lan sing sapa melehake wong duraka, oleh panacad.
8 Aja melehake wong ambek memoyok, supaya kowe ora disengiti,wong wicaksana iku welehna, kowe bakal ditresnani.
9 Wong wicaksana pituturana, temah kawicaksanane mundhak,wong mursid wulangen, temah bakal mundhak kawruhe.
10 Wedi-asih marang Pangeran Yehuwah iku wiwitaning kawicaksanan,lan wanuh marang Kang Mahasuci iku pangreten.