3 ana pangandikane Pangeran Yehuwah tumuju marang Imam Yeheskiel, putrane Sang Busi, ana ing nagarane wong Kasdim ing pinggir kali Kebar, sarta ana ing kono panjenengane kalimputan ing pangwaose Sang Yehuwah.
4 Aku banjur ndeleng, lah ana prahara saka ing lor, kang nggawa mendhung kandel lan geni mulad-mulad; mendhung mau kinubengan ing pepadhang kang sumorot; ing jerone kaprenah ing satengahing geni iku ana kang kaya swasa mencorong.
5 Ing tengah-tengahe kono uga ana kang rupane kaya makhluk papat kang urip, lan iku katone mangkene: rupane kaya manungsa,
6 nanging siji-sijine raine papat lan ana swiwine papat.
7 Sikile lenceng-lenceng, sarta tlapakane kaya tracak pedhet, mencorong kaya swasa kang mentas kagebeg.
8 Ing sangisoring swiwi ana tangan manungsa kaprenah ing sisih papate pisan. Dene rai lan swiwine mau mangkene:
9 swiwine padha gathuk; manawa lumaku ora nganggo mingar-minger, nanging ing sapenering adhepe.