Yeheskiel 32 JAV

Kidung pangadhuh tumrap Sang Prabu Pringon

32:1-32

1 Ing taun kang kaping rolas, tanggal sapisan sasi rolas ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:

2 “He, anaking manungsa, sira ngucapna pangadhuh tumrap Pringon, raja Mesir lan tuturana mangkene:Sira iku madhakake awakirakaya singa nom ing antarane para bangsa.Nanging sira iku kaya baya ing sagara;kali-kalinira padha sira gawe munthuk,sira mbuthekake banyune kalawan sikillan jempalikan ana ing bladhere.

3 Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah:Ingsun masang jaringingSun kanggo nyekel sira,lumantar paklumpukane bangsa akeh,lan sira Sunlebetake ing jalaningSun.

4 Sira Sunbanting ing bumi,Sununcalake menyang ing ara-ara;sakehing manuk ing awang-awangSundhawuhi mencok ana ing sirakewan-kewan ing salumahing bumiSunwaregi kalawan dagingira.

5 Dagingira Sunkendelake bae padha pating kacecer ana ing pagunungan,lembah-lembah padha Sunkebaki bathang-bathangira.

6 Bumi Sunombenigetihira kang mili,uga gunung-gunung,sarta dhasar-dhasaring kali bakal kebak getihira.

7 Samangsa Ingsun nyirnakake sira,langit bakal Suntutupilan lintange padha Sunpetengi.Srengenge Suntutupi mendhungdene rembulan ora bakal nyorotake sunare.

8 Kabeh kang sumunar ana ing langitbakal Sundadekake peteng marga saka sira.Pepeteng Sundhatengake marang sira.Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah.

9 Ingsun bakal damel bingunging atine bangsa akeh, samangsa sira padha Sundadosake tawanan ana ing satengahe para bangsa, ana ing nagara-nagara, kang sira durung tau sumurup.

10 Ingsun bakal damel kagete bangsa akeh, samangsa padha ndeleng marang sira, para rajane bakal padha gumeter ndeleng sira yaiku manawa Ingsun ngobat-abitake pedhangingSun ana ing ngarepe. Bakal padha gumeter tanpa uwis, marga saka ngelingi marang uripe, ing dina sirnanira mau.

11 Awit makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Pedhange raja ing Babil bakal nekani sira.

12 Ingsun bakal damel golonganirapadha ambruk kena ing pedhange para prawira,kang ambek siya dhewe ana ing antarane para bangsa.Kumlungkunge Mesir bakal kaleburlan sagolongane kabeh bakal katumpes.

13 Sakehe kewane bakal Sunsirnakakesaka ing pinggiring kali-kali gedhe;sikiling manungsa bakal ora mbuktekake manehlan ora ana kewan kang ngubeg-ubeg ing jerone.

14 Banyune banjur bakal Sunbeningake,kali-kaline bakal Sundamelkaya mili lenga.Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah.

15 Samangsa Mesir Sundadekake sepi mamringkabeh isining nagara uga sirna,lan kabeh pendhudhuke wus Sunpateni,ing kono wong-wong bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.

16 Yaiki pangadhuh kang kudune kakidungake; para wanitane bangsa-bangsa bakal ngidungake iku; bakal padha ngidungake katujokake marang Mesir lan rakyate kabeh kang akeh iku. Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah.”

17 Ing taun kang kaping rolas, tanggal limalas sasi kapisan ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:

18 “He, anaking manungsa, sira ngadhuh-adhuha bab masyarakat ing Mesir, bebarengan karo para wanitaning bangsa-bangsa kang ngedab-edabi, golonganing wong Mesir iku padha cemplungna ing bumi kang ngisor dhewe, awor karo para wong kang wus mudhun marang ing luwangan kuburan.

19 Kaendahanira iku ngungkuli sapa? Sira mudhuna lan padha klemahana awor karo para wong kang ora tetak!

20 Iku bakal padha ambruk ana ing satengahe para wong kang mati dening pedhang lan kabeh rakyate kang akeh iku bakal padha tiba kelumah bebarengan karo dheweke.

21 Para wong kang nyekel pangwasa lan gagah prakosa dalasan para pembantune bakal ngrembug dheweke ana ing satengahe jagade wong mati: Wong-wong iku wus padha mudhun, padha tiba kelumah lan awor karo wong kang padha ora tetak, kang padha mati dening pedhang.

22 Asyur ana ing kana dalah sakehing sekuthone, kaubengan ing pakuburan-pakuburane; iku kabeh padha mati dening pedhang.

23 Kuburane kaprenahake ana ing peranganing luwangan kang jero sarta golongane ana ing sakubenge kuburane; kabeh padha mati, ambruk pinedhang. Yaiku kang nukulake pagiris ana ing jagading wong urip.

24 Elam ana ing kono lan rakyate kabeh kang akeh iku ana ing sakubenge kuburane; iku kabeh padha mati dening pedhang, yaiku kang padha mudhun marang bumi kang ngisor dhewe ora kalawan ditetaki, kang wus padha nuwuhake pagiris ana ing jagade wong urip, lan iku padha nanggung kawirangane, awor karo wong-wong kang padha mudhun marang ing luwangan kuburan.

25 Ana ing satengahe para wong kang mati, marga dipateni iku, dicawisi paturon uga kabeh rakyate kang akeh iku ana ing sakubenge pakuburane. Iku kabeh wong kang padha ora tetak, kang padha mati dening pedhang, awit wus padha nuwuhake pagiris ana ing jagade wong urip, lan padha nanggung kawirangane, awor karo wong kang padha mudhun marang ing luwangan kuburan; padha dipapanake ana ing satengahe wong-wong kang mati marga pinatenan.

26 Mesekh lan Tubal padha ana ing kono dalasan kabeh rakyate kang akeh iku, kang padha ngupengi pakuburane; iku kabeh wong kang padha ora tetak, kang mati dening pedhang, amarga wus padha nuwuhake pagiris ana ing jagade wong urip.

27 Padha ora kakubur awor karo para prawira kang padha mati ing jaman biyen, kang padha mudhun marang jagade wong mati bebarengan karo sakehe gegamaning perang, kang pedhange nuli kadekek ing sangisore sirahe sarta tamenge katumpangake ing balung-balunge; amarga wus padha nuwuhake pagiris ana ing jagade wong urip.

28 Sira bakal gumlinting ana ing satengahe para wong kang ora tetak, awor karo para wong kang padha mati dening pedhang.

29 Edom ana ing kono, para rajane lan kabeh panggedhene, kang padha dipapanake ing sacedhake para wong kang mati dening pedhang, sanadyan padha prakosa; padha diturokake sandhing wong-wong kang ora tetak lan wong-wong kang padha mudhun marang ing luwangan kuburan.

30 Para panggedhe saka ing lor padha ana ing kono, kabeh iku lan sakehe wong Sidon, kang kalawan wirang padha mudhun lan awor karo para wong kang padha mati marga dipateni, sanadyan wus padha njalari girise wong-wong mau kalawan kakuwatane; iku padha diturokake ora kalawan ditetaki ana ing sacedhake wong-wong kang mati dening pedhang sarta padha nanggung kawirangane bebarengan karo wong-wong kang tumurun ing luwangan kuburan.

31 Pringon bakal ndeleng wong iku kabeh lan bakal rumangsa kalipur ing bab kaanane golongane kabeh. Pringon dalah wadya-balane mati dening pedhang. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

32 Ing sarehne Pringon wus nuwuhake pagiris ana ing jagade wong urip, mulane diturokake ing satengahe wong-wong kang ora padha tetak, awor karo wong kang padha mati dening pedhang, Pringon dalah sagolongane. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”