6 nanging siji-sijine raine papat lan ana swiwine papat.
7 Sikile lenceng-lenceng, sarta tlapakane kaya tracak pedhet, mencorong kaya swasa kang mentas kagebeg.
8 Ing sangisoring swiwi ana tangan manungsa kaprenah ing sisih papate pisan. Dene rai lan swiwine mau mangkene:
9 swiwine padha gathuk; manawa lumaku ora nganggo mingar-minger, nanging ing sapenering adhepe.
10 Raine katone mangkene: Kapat pisan raine kang ngarep rai manungsa, kang sisih tengen rai singa, kang sisih kiwa rai sapi, kang ana ing buri rai manuk garudha.
11 Swiwine padha kaegarake mandhuwur, sarta adu pucuk ngloro-ngloro, dene swiwi liyane nutupi awake.
12 Kabeh lakune ing sapenere adhepe, menyang ngendi panuntuning roh, iya mrono parane; anggone lumaku ora nganggo mingar-minger.