3 Kerub mau padha ngadeg ana ing sakidule Padaleman Suci, nalika wong mau lumebu ing satengahe rodha-rodhane, lan plataran ing jero kalimputan ing mega.
4 Ing nalika iku kamulyaning Sang Yehuwah minggah saka ing sadhuwuring kerub lan pindhah ing tlundhage lawanging Padaleman Suci, lan Padaleman Suci iki kapenuhan ing mega sarta platarane kebak cahya kamulyane Pangeran Yehuwah.
5 Swaraning swiwine kerub iku keprungu nganti tekan ing plataran ing jaba kaya swaraning Allah Kang Mahakwasa manawa ngandika.
6 Wong kang manganggo mori mau kadhawuhan mangkene: “Sira njupuka geni saka ing satengahe rodha-rodhane, saka ing satengahe kerub iki!” Kang manganggo mori banjur mangkat lan ngadeg ing sandhinge salah sawijine rodha iku.
7 Nuli kerub kang siji mulung tangane saka ing satengahing para kerub marang ing geni kang ana ing satengahe, kajupuk sathithik kadekekake ing tangane kang manganggo mori. Wong iki nampani banjur lunga.
8 Kerub-kerub iku katon kadunungan kang kaya tanganing manungsa ana ing sangisoring swiwine.
9 Aku ndeleng sandhing kerub-kerub iku ana rodha papat, saben kerub ing sandhinge ana rodhane siji, sarta rodha-rodha iku katon gumebyar kaya sesotya pirus.