8 Kerub-kerub iku katon kadunungan kang kaya tanganing manungsa ana ing sangisoring swiwine.
9 Aku ndeleng sandhing kerub-kerub iku ana rodha papat, saben kerub ing sandhinge ana rodhane siji, sarta rodha-rodha iku katon gumebyar kaya sesotya pirus.
10 Katone kapat pisan iku padha, kaya-kaya rodha kang siji dumunung ing satengahe rodha sijine.
11 Manawa ngglindhing bisa ngener ing patang panggonan, ora nganggo mingar-minger lakune, amarga menyang ngendi parane rodha kang ngarep, rodha liya-liyane padha ngetutake, tanpa mingar-minger lakune.
12 Badane kerub sakojur, gegere, tangane, swiwine lan rodhane kapat pisan kebak mripat mubeng.
13 Sakrunguku rodha-rodhane iku jenenge “rodha mubeng”.
14 Siji-sijine kadunungan rai papat: kapisan rai kerub, kapindho rai manungsa, katelu rai singa lan kapate rai garudha.