9 Aku ndeleng sandhing kerub-kerub iku ana rodha papat, saben kerub ing sandhinge ana rodhane siji, sarta rodha-rodha iku katon gumebyar kaya sesotya pirus.
10 Katone kapat pisan iku padha, kaya-kaya rodha kang siji dumunung ing satengahe rodha sijine.
11 Manawa ngglindhing bisa ngener ing patang panggonan, ora nganggo mingar-minger lakune, amarga menyang ngendi parane rodha kang ngarep, rodha liya-liyane padha ngetutake, tanpa mingar-minger lakune.
12 Badane kerub sakojur, gegere, tangane, swiwine lan rodhane kapat pisan kebak mripat mubeng.
13 Sakrunguku rodha-rodhane iku jenenge “rodha mubeng”.
14 Siji-sijine kadunungan rai papat: kapisan rai kerub, kapindho rai manungsa, katelu rai singa lan kapate rai garudha.
15 Kerub mau banjur padha mumbul. Iku makhluk kang urip kang dhek biyen dakdeleng ana ing sapinggiring kali Kebar.