11 Kutha iki ora bakal dadi kendhil tumrap sira utawa kaya-kaya sira dadi daging ana ing kono. Ana ing tanah Israel anggoningSun bakal ngukum sira.
12 Lan sira bakal padha sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah; amarga kalakuanira iku ora cocog kalawan pranatan-pranataningSun sarta sira ora nglakoni dhawuhingSun, malah sira nindakake padataningSun bangsa-bangsa ing sakubengira.”
13 Nalika aku lagi medhar wangsit iku, Pelaca bin Benaya mati. Aku banjur sujud lan munjuk kalawan swara sora mangkene: “Dhuh Pangeran Yehuwah, punapa Paduka badhe numpes kekantunipun Israel?”
14 Sawuse mangkono ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene:
15 “He, anaking manungsa, para kang manggon ing Yerusalem padha kandha bab sakehing sadulurira, sanak kadangira, lan sakehing turune Israel kabeh, mangkene: Wong-wong iku wus padha adoh karo Pangeran Yehuwah, tanah iki wus kaparingake marang aku dadi duwekku.
16 Mulane sira pratelakna: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sanadyan wong-wong iku wus Sunbekta adoh menyang ing satengahe bangsa-bangsa lan Sunsebar-sebar ana ing kutha-kuthane, sarta Ingsun mung dadi pasucen kang sepele tumrap wong-wong iku ana ing nagara-nagara kono,
17 ewasamono sira celathua: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sira bakal padha Suntimbali nglumpuk saka ing panggonane para bangsa, sarta Sunkumpulake saka ing nagara-nagara, papan panggonanira kasebar, tuwin sira bakal Sunparingi tanah Israel.