1 Nuli ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene:
2 “He, anaking manungsa, sira iku manggon ana ing satengahing golongan kang mbalela kang ana mripate kanggo ndeleng, nanging ora ndeleng lan ana kupinge kanggo ngrungokake, nanging ora krungu, amarga iku golongan kang mbalela.
3 Mulane sira, anaking manungsa, nyawisna kapreluaning wong buwangan lan ing wayah awan sira lumakua kayadene wong buwangan ana ing ngarepe wong-wong mau; mangkata saka ing panggonanira saiki menyang panggonan liyane kayadene wong buwangan ana ing ngarepe. Bokmanawa banjur padha ngakoni manawa padha wangkot.
4 Barang-barangira sira gawanana metu kayadene barange wong buwangan ing wektu awan, ana ing ngarepe wong-wong mau; lan ing wayah bengi sira dhewe metua ing sapandelenge wong-wong mau, kayadene wong kang kudu metu lan mangkat menyang ing papan pambuwangan.