12 Lan ratune bakal manggul barang-barange ing wayah bengi kang peteng lan bakal tindak miyos. Wong bakal mbotol tembok kanggo dalan miyose. Panjenengane bakal nutupi pasuryane supaya ora mirsa lemah.
13 Ingsun bakal masang jaringingSun kanggo nangkep dheweke. Iku bakal kena ing jaringingSun lan banjur bakal Sunbekta menyang ing Babil, tanahe wong Kasdim, nanging tanah iku ora bakal kadeleng, banjur bakal mati ana ing kana.
14 Lan sakehe wong kang padha ana ing sacedhake, para pambantune lan wadya-balane, bakal Sunsebar ing sakehing keblat sarta Ingsun bakal ana ing burine kalawan ngunus pedhang.
15 Ing kono bakal padha sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah, yaiku manawa wus padha Sunbuyarake ana ing antarane para bangsa lan Sunsebar-sebar menyang ing sakehing nagara.
16 Nanging ana panunggalane kang bakal Sunkarekake sathithik, kang oncat saka ing pedhang, kang ora mati kaliren lan ora katempuh ing pageblug, supaya padha nyaritakake sakehe panggawene wong-wong mau kang nistha ana ing satengahe para bangsa, kang padha ditekani, satemah padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.”
17 Banjur ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene:
18 “He, anaking manungsa, sira mangana panganira kalawan gumeter lan ngombea kalawan nrethek tuwin kalawan ati kang sumelang