17 Banjur ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene:
18 “He, anaking manungsa, sira mangana panganira kalawan gumeter lan ngombea kalawan nrethek tuwin kalawan ati kang sumelang
19 lan tutura marang para kang padha manggon ing nagara iki mangkene: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah bab para wong Yerusalem kang ana ing tanah Israel: Iku bakal padha mangan pangane kalawan ati sumelang lan ngombe banyu kalawan ati kang susah banget, supaya tanahe dadi sepi mamring, awit isine wus sirna, marga saka panganiayane para wong kang padha manggon ing kono kabeh.
20 Kutha-kutha kang isih dienggoni ing wong bakal padha dadi gempuran lan tanah kono bakal dadi sepi mamring; ing kono sira bakal padha sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah.”
21 Nuli ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene:
22 “He, anaking manungsa, bebasan apa kang tinemu ana ing satengahira ana ing tanah Israel, kang surasane: Wektune wus suwe, nanging ora ana wahyu siji bae kang kelakon?
23 Mulane tutura marang wong-wong mau: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ingsun bakal ngilangi bebasan iki, satemah bakal ora ana wong kang ngucapake iku maneh ana ing tanah Israel; malah padha sira kandhanana mangkene: Wektune wus cedhak lan saben wahyu bakal kelakon.