21 Nuli ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene:
22 “He, anaking manungsa, bebasan apa kang tinemu ana ing satengahira ana ing tanah Israel, kang surasane: Wektune wus suwe, nanging ora ana wahyu siji bae kang kelakon?
23 Mulane tutura marang wong-wong mau: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ingsun bakal ngilangi bebasan iki, satemah bakal ora ana wong kang ngucapake iku maneh ana ing tanah Israel; malah padha sira kandhanana mangkene: Wektune wus cedhak lan saben wahyu bakal kelakon.
24 Sabab ora bakal ana maneh wahyu apas-apusan utawa pameca kang nasarake ing satengahe turune Israel.
25 Amarga Ingsun, Yehuwah bakal ngandika lan apa kang Sunpangandikakake bakal kelakon, lan pangandika iku ora bakal kaundur-undur maneh awit sajrone sira isih padha urip, he jinis kang wangkot, Ingsun bakal nglairake pangandika kang bakal Suntetepi. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”
26 Banjur ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene:
27 “He, anaking manungsa, lah turune Israel padha ngucap: Wahyu kang dideleng iku isih suwe banget bakale kelakon, pameca kang diucapake iku tumuju marang bab kang isih adoh banget.