3 Mulane sira, anaking manungsa, nyawisna kapreluaning wong buwangan lan ing wayah awan sira lumakua kayadene wong buwangan ana ing ngarepe wong-wong mau; mangkata saka ing panggonanira saiki menyang panggonan liyane kayadene wong buwangan ana ing ngarepe. Bokmanawa banjur padha ngakoni manawa padha wangkot.
4 Barang-barangira sira gawanana metu kayadene barange wong buwangan ing wektu awan, ana ing ngarepe wong-wong mau; lan ing wayah bengi sira dhewe metua ing sapandelenge wong-wong mau, kayadene wong kang kudu metu lan mangkat menyang ing papan pambuwangan.
5 Sira gawea bolongan ing tembok ing sapandelenge wong-wong mau sarta metua mbrobos ing kono.
6 Barang-barangira panggulen ana ing ngarepe lan gawanen metu ing wayah bengi kang peteng; sira nutupana rainira, nganti sira ora ndeleng lemah; amarga sira Sundadekake gegambarane turune Israel.”
7 Aku banjur nindakake apa sadhawuhe marang aku: ing wayah awan aku nggawa barang-barang kayadene barange wong buwangan lan ing wayah bengi aku gawe bolongan ing tembok kalawan tanganku; ing wayah bengi kang peteng ing sapandelenge wong-wong mau aku metu kalawan manggul barang-barangku.
8 Esuke ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene:
9 “He, anaking manungsa, apa turune Israel jinis kang wangkot iku ora takon marang sira: Panjenengan punika nindakaken punapa?