1 Sawuse mangkono banjur ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene:
2 “He, anaking manungsa, sira medhara wangsit nglawan nabine Israel, medhara wangsit lan tutura marang wong-wong kang medhar wangsit sasenenge dhewe bae iku mangkene: Rungokna pangandikane Pangeran Yehuwah!
3 Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Cilaka para nabi kang gemblung kang nuruti pamisiking atine dhewe iku lan kang ora ndeleng wahyu.
4 Kayadene asu ajag ing satengahing gempuran; iya kaya mangkono iku para nabinira, he Israel.
5 Sira ora padha ngadeg ana ing bolongan-bolonganing balowarti lan ora ngedegake balowarti ing sakubenging omahe Israel, supaya padha bisa tetep lestari ana ing paperangan ing dinane Pangeran Yehuwah.
6 Wahyune wong-wong iku ngapusi lan pamecane iku goroh. Padha kandha: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah. Mangka padha ora kautus dening Yehuwah, ewasamono padha ngarep-arep kelakone pangandikane mau.
7 Kang padha sira deleng iku rak wahyu apus-apusan sarta pameca kang goroh, kang padha sira ucapake iku, samangsa sira celathu: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah, mangka Ingsun ora ngandika?