1 Sawuse mangkono panunggalane para pinituwaning Israel ana sawatara kang padha nemoni aku lan banjur linggih ana ing ngarepku.
2 Nuli ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene:
3 “He, anaking manungsa, wong iki padha mundhi-mundhi brahalane ana ing sajroning atine lan mrenahake watu sandhungan ana ing ngarepe kang njalari padha tumiba ing kaluputan. Apa Ingsun karsa yen wong iku padha nyuwun pituduh marang Ingsun?
4 Mulane padha tuturana lan kandhanana mangkene: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Saben wong turune Israel kang mundhi-mundhi brahalane ana ing sajroning atine lan mrenahake watu sandhungan ana ing ngarepe kang nuwuhake duraka, mangka banjur nemoni nabi -- Ingsun, Yehuwah piyambak kang bakal paring wangsulan marga saka akehe brahalane iku,