19 Utawa manawa Ingsun ndhatengake pageblug ana ing nagara kono tuwin Ingsun ngesokake bebenduningSun marang nagara iku kalawan ngwutahake getih, satemah sirna manungsa lan kewan ing nagara kono,
20 sanadyan Nuh, Dhaniel lan Ayub ana ing kono, demi Ingsun agesang -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- wong iku ora bakal bisa padha nylametake anak lanang utawa wadon, nanging mung bakal padha bisa mitulungi nyawane dhewe marga saka kamursidane.
21 Amarga mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Malah ngluwihi iku, yaiku manawa Ingsun ndhatengake paukumaningSun patang warna kang abot-abot iku bareng, pedhang, pailan, kewan galak lan pageblug ana ing Yerusalem, kang nyirnakake manungsa lan kewan ing kono!
22 Nanging, lah ing kono bakal ana kekarene, yaiku kang padha bisa oncat, anak lanang lan anak wadon; iku bakal padha metu nemoni sira lan sira bakal nyumurupi tindak-tanduke, temah sira banjur rumangsa kalipur ing bab kasangsaran kang Sundhatengake ing Yerusalem, iya bab kabeh kang Sundhatengake ing kono mau.
23 Wong-wong iku bakal padha dadi panglipurira, yaiku manawa sira sumurup marang tindak-tanduke sarta sira bakal padha mangreti, manawa anggoningSun nandukake iku mau kabeh marang Yerusalem iku ana sababe. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”