Yeheskiel 14:7-13 JAV

7 amarga saka wong, turune Israel utawa wong manca kang manggon ing satengahing Israel, kang nyingkur marang Ingsun lan mundhi-mundhi para brahalane ana ing sajroning atine sarta mrenahake watu sandhungan ana ing ngarepe, kang marakake tumiba ing duraka, mangka banjur nemoni nabi tuwin njaluk tulung supaya nyuwunake pituduh marang Ingsun, Ingsun Yehuwah piyambak kang bakal paring wangsulan.

8 Iku bakal Sunlawan piyambak lan bakal Sundadekake tandha lan gegambaran sarta bakal Sunsirnakake saka ing satengahing umatingSun. Ing kono sira bakal padha sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah.

9 Manawa nabi iku nganti kena kabujuk lan banjur nglairake sadhengah tembung, Ingsun, Yehuwah mesthi bakal mbujuk nabi iku, sarta bakal ngayatake astaningSun nglawan marang wong iku, tuwin wong iku bakal Sunsirnakake saka ing satengahe umatingSun Israel.

10 Iku bakal padha nanggung kaluputane dhewe-dhewe, iya kang njaluk pituduh iya nabi mau,

11 supaya turune Israel aja padha kesasar maneh ora manut marang Ingsun lan aja najisake awake maneh kalawan sakehing panerake. Kalawan mangkono banjur padha dadi umatingSun sarta Ingsun dadi Allahe. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”

12 Nuli ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene:

13 “He, anaking manungsa, manawa ana sawijining nagara kang dosa marang Ingsun kanthi patrap ora setya lan Ingsun banjur ngayatake astaningSun prelu nglawan kalawan nyirnakake pasadhiyane pangan lan ndhatengake mangsa pailan marang nagara iku sarta manungsa lan kewan ing nagara kono kasirnakake,