10 Sira Sunenggoni sandhangan kang mawa warna, sira Sunparingi sandhal walulang dhuyung lan kudhung mori alus apadene slendhang sutra.
11 Sabanjure sira Sunenggoni rerenggan, tanganira Sunenggoni gelang, sarta kalung ing gulunira.
12 Irungira Sunenggoni gelang lan anting-anting ing kupingira, sarta makutha kamulyan ing sirahira.
13 Dadine sira nganggo rerenggan emas lan salaka, sandhanganira mori alus lan sutra apadene panganggo kang mawa warna; sira dadi ayu linuwih, satemah pantes dadi ratu.
14 Marga saka endahing warnanira, jenengira misuwur ana ing satengahe para bangsa, awit kaendahanira iku luwih dening sampurna, amarga saka sumoroting rerengganingSun kang Sunparingake marang sira. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”
15 “Nanging sira ngendelake kaendahaning warnanira lan banjur dadi wanita tunasusila marga saka kondhangira iku, sarta anggonira dadi wanita tunasusila iku sira tawak-tawakake marang angger wong kang liwat.
16 Sandhanganira sira anggo ndadekake manca-warnane tengger-tenger pangurbananira lan sira banjur tumindak nistha ana ing kono. Pratingkah mangkono iku durung tau kelakon tuwin ora bakal kelakon maneh.