18 Sandhanganira kang manca-warna sira anggo nutupi reca-reca mau tuwin lenga lan dupa kagunganingSun sira sajekake.
19 Uga dhaharaningSun kang Sunparingake marang sira, yaiku glepung kang becik dhewe, lenga lan madu kang Sunparingake minangka panganira, iku iya sira wenehake minangka sesajen kang arum. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.
20 Malah dalasan anak-anakira lanang lan wadon kang sira lairake kagem Ingsun uga sira jupuk, sira dadekake sesajen marang reca-reca mau minangka pangane. Apa tindakira kang nistha kang mangkono iku durung cukup,
21 dene sira uga banjur nyembeleh para putraningSun, sira pasrahake marang reca-reca iku, sira dadekake kurban sarana kaobong ing geni?
22 Ing sajrone sakehing panggawenira kang asor lan nistha iku sira ora kelingan maneh marang nalika enomira, nalika sira isih wuda mblejed lan kroncalan kalawan kuthah getihira.
23 Lan sawuse sakehing durakanira iku -- bilai, bilai sira! Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, --
24 sira nganakake panggonan kang dhuwur lan gawe tengger pangurbanan ana ing saben ara-ara.