24 sira nganakake panggonan kang dhuwur lan gawe tengger pangurbanan ana ing saben ara-ara.
25 Sira gawe tengger pangurbanan ana ing saben prapatan lan banjur adol kaendahaning warnanira dadi tindak kang nistha kalawan mlengkahake pupunira sakarone kanggo saben wong liwat; kalawan mangkono kanisthanira saya wuwuh-wuwuh.
26 Sira tumindak nistha kalawan wong Mesir, tangganira kang karem asmara iku, satemah kanisthanira saya wuwuh-wuwuh maneh, njalari gerahing panggalihingSun.
27 Lah sira wus Ingsun lawan lan wus Sunkurangi cadhongira sarta sira Sunulungake marang tindake sawenang-wenang para wong kang padha sengit marang sira, yaiku para wong wadon Filisti, kang rumangsa isin ndeleng pratingkahira kang nistha iku.
28 Sira uga alaku nistha kalawan wong Asyur, amarga sira durung ngrasa marem, malah sanadyan sira wus laku nistha kalawan wong-wong iku, ewadene meksa durung ngrasa marem.
29 Tumindakira kang nistha iku sira wuwuhi sarana panggawenira kang mangkono iku karo nagara dagang Kasdim, nanging iya meksa durung marem.
30 Kebangeten temen anggonira ngumbar hawa-nepsunira iku -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- kabeh iku mau sira tindakake, yaiku panggawening sundel keparat,