28 Sira uga alaku nistha kalawan wong Asyur, amarga sira durung ngrasa marem, malah sanadyan sira wus laku nistha kalawan wong-wong iku, ewadene meksa durung ngrasa marem.
29 Tumindakira kang nistha iku sira wuwuhi sarana panggawenira kang mangkono iku karo nagara dagang Kasdim, nanging iya meksa durung marem.
30 Kebangeten temen anggonira ngumbar hawa-nepsunira iku -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- kabeh iku mau sira tindakake, yaiku panggawening sundel keparat,
31 kang nganakake pepunthuk ana ing saben prapatan lan gawe tetengger pangurbanan ana ing ara-ara. Nanging sira iku beda karo wanita tunasusila kang lumrah, amarga sira nampik opah.
32 He, wong wadon kang laku jina, kang ngrangkul wong-wong liya minangka gegentine bojone dhewe.
33 Sakehing wanita tunasusila padha gelem nampani opah, nanging sira ora mangkono, sira kang malah ngopahi para wong kang sira ajak bedhangan minangka pamikat, supaya wong-wong ing sakiwa tengenira padha marani sira lan banjur bebedhangan.
34 Mulane anggonira nindakake kanisthan iku patrape kosak-balen karo para wong wadon liyane; dudu wonge kang ngoyak sira, nanging sira kang malah menehi opahing kanisthan, dene sira ora oleh apa-apa; dadi kosok-balen kalawan sira.