43 Ing sarehne sira ora eling marang nalika sira isih enom, nanging kalawan iku mau kabeh gawe dukaningSun nganti gumeter, lah Ingsun uga bakal nampekake panggawenira iku marang sirahira, -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- panggawenira kang nistha iki apa sira imbuhi kalawan sakehing tindakira kang asor?
44 Lah saben ahli bebasan bakal nyemoni sira mangkene: Ibune mangkono, anake iya mangkono!
45 Sira iku anake ibunira, kang wus jeleh marang bojone lan anak-anake lanang, sarta sira iku adhine wadon mbakyu-mbakyunira, kang wus bosen marang bojone lan anak-anake lanang. Ibunira iku Heti lan bapakira iku wong Amori.
46 Mbakyunira kang tuwa dhewe iku Samaria, kang manggon ing salorira karo anak-anake wadon, tuwin adhinira wadon iku Sodom kang manggon ing sakidulira karo anak-anake wadon.
47 Pratingkahira iku rak niru panggawene wong-wong iku sarta kang sira tindakake iku niru panggawe-panggawene kang asor; malah ora let suwe panggawenira ing sajegira urip banjur ngluwihi alane wong-wong iku.
48 Demi Ingsun kang gesang -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- sadulurira wadon Sodom saanak-anake wadon ora nindakake apa kang sira lakoni kalawan anak-anakira wadon.
49 Lah ta mungguh kaluputane sadulurira wadon Sodom iku mangkene: gumunggung, bisa mangan nganti turah-turah sarta seneng uripe dalasan para anak-anake wadon, nanging ora tetulung marang para wong sangsara lan mlarat.