53 “Nanging Ingsun bakal damel pulihing kaanane, Sodom saanak-anake wadon sarta Samaria saanak-anake wadon, apadene Ingsun uga bakal mulihake kaananira ana ing satengahe wong-wong mau,
54 supaya sira nyanggaa ing kawiranganira lan supaya sira rumangsaa isin marga saka sakehing panggawenira iku.
55 Anadene mungguh para bakyunira, Sodom saanak-anake wadon bakal pulih kaanane kaya ing maune; Samaria saanak-anake wadon uga bakal pulih kaanane kaya ing maune; sarta sira saanak-anakira wadon uga bakal kapulihake kaananira kaya ing maune.
56 Bakyunira Sodom, bakyunira kang anom dhewe, nalika ing wektu gumunggungira rak dadi pocapanira,
57 sadurunge pialanira kawiyak, iya kayadene saiki, sira uga dadi cacadan tumrap para anake wadon Edom lan para wong ing sakiwa-tengene sarta tumrap anak-anak wadon Filisti, kang padha ngremehake sira saka ing sakiwa-tengenira?
58 Kanisthanira lan panggawenira kang asor iku kudu sira tanggung. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.
59 Amarga mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ingsun bakal nandukake marang sira kaya apa kang sira lakoni, yaiku sumpah sira anggep entheng kanthi patrap ngrusak prajanjian.