2 “He, anaking manungsa, turune Israel wenehana cangkriman lan pasemon.
3 Tutura mangkene: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ana sawijining manuk garudha gedhe kang swiwine gedhe dawa, wulune ketel mancawarna, iku niyup menyang ing gunung Libanon lan nothol pucuking wit eres.
4 Pucuke kang dhuwur dhewe dipunggel banjur digawa menyang ing sawijining nagara dagang, nuli diselehake ana ing kuthane wong dagang.
5 Nuli njupuk trubusan ing tanah kono banjur ditandur ana ing pategalan kang wus kari nanduri bae; trubusan mau diprenahake ing sacedhaking banyu kang kimplah-kimplah, patrape kaya nandur wit gandarusa
6 satemah banjur thukul dadi wit anggur kang ketel, endhek pange akeh padha tumelung ngener marang manuk mau, dene oyod-oyode tetep ana ing sangisore. Mangkono anggone banjur dadi wit anggur kang metu elunge lan trubusane nggedhabyah.
7 Ing kono nuli ana manuk garudha gedhe liyane, kang swiwine gedhe, wulune ketel. Lah wit anggur mau banjur ngenerake oyod-oyode marang manuk iku lan pang-pange ditelungake mrono uga, supaya manuk iku ngilenana luwih becik tinimbang karo papan tumancepe.
8 Mangka wit iku wus katandur ing pategalan kang becik, cedhak karo banyu akeh kang luber supaya banjur metu pang-pange lan awoh sarta supaya dadi wit anggur kang becik.