20 Ingsun bakal masang jaringingSun kanggo nyekel wong iku, mesthi bakal kena Sunkala sarta banjur bakal Sunbekta menyang ing Babil tuwin ana ing kana bakal Sundamel prakara amarga ngowahi kasetyane marang Ingsun.
21 Anadene kabeh wadya-balane pepilihan bakal tiwas dening pedhang, dene kang bisa oncat bakal kasebar menyang ing sakehing keblat. Ing kono sira bakal sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah, kang mangandikakake iku.
22 Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ingsun piyambak bakal mundhut pang saka ing pucuking wit eres kang dhuwur bakal Suntanem; pucuke kang dhuwur dhewe kang isih enom bakal Sunpunggel lan bakal Suntanem piyambak ana ing gunung kang munggul dhuwur;
23 iku bakal Suntanem ing gununge Israel kang dhuwur, supaya bisa ngepang-ngepang lan awoh sarta dadi wit eres kang ngedab-edabi; sakehing jinis manuk lan kang mawa wulu tuwin swiwi padha manggon ing sangisore, padha ngayom ing sangisoring pang-pange.
24 Ing kono kabeh wit-witan ing ara-ara bakal padha sumurup, yen Ingsun, Yehuwah, ngasorake wit kang dhuwur lan ngluhurake wit kang asor, ndadekake alum lan garing wit kang seger lan ndadekake trubus maneh wit kang alum lan garing. Ingsun, Yehuwah, kang ngandikakake lan bakal nindakake iku.”