1 Tumuli ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene:
2 “Ana apa ta sira iku, dene padha ngucapake tembung sesemonan iki ana ing tanah Israel: Para bapa padha mangan woh mentah lan untune anak-anake padha dadi linu?
3 Demi Ingsun kang gesang -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- sira ora bakal ngucapake tembung sesemonan iki maneh ana ing Israel.
4 Lah ta sakehing nyawa iku Ingsun kang ndarbeni! Apa nyawaning bapa apa nyawaning anak iku kagunganingSun! Dene wong kang nglakoni dosa, iku kang kudu mati.