7 ora nindhes wong liya, mbalekake gadhening wong, ora ngrampas apa-apa, aweh mangan wong luwe, aweh sandhangan marang wong kewudan,
8 ora nganakake dhuwit utawa njupuk bebathening lintah dharat, ngedohi laku culika, nindakake tatanan kang bener ing antarane wong lan pepadhane,
9 lakune manut katetepaningSun lan tansah nglakoni pranataningSun kalawan setya -- yaiku wong kang mursid lan mesthi bakal lestari urip. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.
10 Nanging manawa wong mau duwe anak kang dadi garong lan kang seneng ngwutahake getih utawa nglakoni salah sawijining panggawe kang kaya mangkono
11 -- sanadyan si bapa ora nglakoni bab iku babar pisan -- uga mangan daging kurban kang ana ing gunung lan ngrusuhi bojoning liyan,
12 nindhes wong sangsara lan mlarat, ngrampas, ora mbalekake gadhening wong, tumenga marang para brahala tuwin nglakoni kanisthan,
13 nganakake dhuwit lan njupuk bebathening lintah darat, wong kang mangkono iku kudu mati; getihe nampek marang awake dhewe.