4 Bangsa-bangsa padha alok: Ana singa ngamuk!Wasana singa mau kacekel ana ing luwangan pasangane,nuli dikeluhituwin digiring menyang Mesir.
5 Bareng biyunge singa mau mangreti manawa pambudi dayane gagallan wus ora duwe pangarep-arep babar pisanbanjur njupuk anake liyanesarta digulawenthah dadi singa enom.
6 Anake iki srawungan karo singa akehnuli wus dadi singa enomlan sinau ndedekepmalah banjur mangsa manungsa.
7 Betenge padha karusak,kuthane padha kaobrak-abrik;bumi dalah saisine kabeh padha kagetkrungu swarane panggerone.
8 Para bangsa nuli padha gumregah nglawansaka ing wilayah-wilayah ing sakubenge,padha masang jaring kanggo nyekellan banjur kacegur ing luwangan pasangan.
9 Tumuli dilebokake ing kandhang kalawan keluhan,wasana banjur kasebakake menyang ing ngarepe ratu ing Babil; lan kalebokake ing pakunjaran,supaya swarane aja kaprungu manehana ing gunung-gununge Israel.
10 Ibunira iku kaya wit anggur ana ing pakebonan anggurkang katandur ing sacedhaking banyu,banjur awoh lan ngepangamarga saka akehe banyune.