1 Ing nalika taun kapitu, tanggal ping sapuluh sasi lima, ana pinituwane Israel sawatara kang teka lan banjur lungguh ana ing ngarepku arep nyuwun pitedahe Sang Yehuwah.
2 Banjur ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:
3 “He, anaking manungsa, tutura marang para pinituwaning Israel iku lan kandhanana mangkene: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sira padha teka arep nyuwun pitedah marang Ingsun? Demi Ingsun kang gesang, Ingsun ora marengake sira padha nyuwun pitedah marang Ingsun -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. --
4 Apa sira gelem ngadili wong-wong iku, he anaking manungsa, apa sira gelem ngadili wong-wong iku? Padha sumurupna marang panggawene leluhure kang nistha,