21 Nanging anake padha mbalela marang Ingsun, lakune ora manut katetepaningSun lan ora nindakake pranataningSun kalawan setya, mangka sing sapa nindakake iku, bakal urip. Uga padha nerak kasucening dina-dina SabatingSun. Mulane karsaningSun bakal Sunesoki bebenduningSun, Sundhawahi dedukaningSun sakatoge ana ing ara-ara samun.
22 Nanging Ingsun nuli mekak astaningSun sarta anggoningSun tumindak iku marga saka asmaningSun, supaya aja kanajisake ana ing ngarepe para bangsa kang sumurup dhewe, nalika padha Sunirid metu.
23 Ewasamono Ingsun supaos ana ing ngarepe ana ing ara-ara samun, manawa bakal padha Sunbuyarake ana ing antarane para bangsa sarta Sunsebar menyang ing sakehe nagara,
24 amarga padha ora nindakake pranataningSun lan nampik marang katetepaningSun tuwin nerak kasucening dina-dina SabatingSun sarta mripate tansah padha tumenga marang para brahalane bapak-bapakne.
25 Ingsun uga banjur paring katetepan kang ora becik lan pranatan kang njalari ora padha bisa urip.
26 Padha Suntogake dadi najis kalawan anggone sesaji, anggone padha ngurbanake sarana kaobong ing geni kabeh kang lair dhisik dhewe saka ing guwa-garba, supaya padha kadunungana pagiris tuwin padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.
27 Awit saka iku, he anaking manungsa, sira tutura marang turune Israel lan kandhanana mangkene: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Uga ing bab iki para leluhurira padha memada marang Ingsun, yaiku anggone banjur ora setya marang Ingsun.