46 “He, anaking manungsa, marepa mangidul lan ngucapna panyendhu kang akeh marang tanah kidul sarta medhara wangsit marang alas ing tanah sisih kidul,
47 tuwin tutura marang alas ing sisih kidul: Pangandikane Sang Yehuwah iki rungokna: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun bakal karya geni ana ing sira kang bakal nyirnakake saben wit-witan kang urip ana ing sira lan saben wit kang garing. Geni kang murub mangalad-alad iku ora bakal sirep-sirep lan sakehing rai wiwit kang ana ing kidul nganti tekan kang ana ing lor bakal gosong dening geni iku.
48 Tuwin saben wong bakal sumurup, manawa Ingsun, Yehuwah kang karya geni iku, lan iki bakal ora sirep-sirep.”
49 Aku banjur munjuk: “Dhuh Pangeran Yehuwah, tiyang-tiyang wau sami nyariyosaken bab kawula: Apa kang dikandhakake iku dudu mung tembung pasemon?”