1 Tumuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:
2 “He, anaking manungsa, sira marepa menyang ing Yerusalem lan ngucapna panyendhu kang akeh marang papane kang suci sarta medhara wangsit kang nglawan tanah Israel.
3 Tanah Israel kandhanana: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun bakal nglawan sira lan bakal ngunus pedhangingSun saka ing warangkane tuwin banjur nyirnakake wong kang bener lan kang duraka saka ing tengahira.
4 Sarehne Ingsun arsa nyirnakake wong kang bener lan kang duraka saka ing tengahira, mulane pedhangingSun bakal kaunus saka ing warangkane banjur nglawan sakehing manungsa wiwit saka ing kidul nganti tekan ing lor.