14 Anadene sira anaking manungsa, medhara wangsit lan keplok-keploka, pedhang iku cikben dadi tikel loro, tikel telu. Iku pedhang kanggo memateni, pedhang kanggo mateni gedhen-gedhenan, kang mider-mider nyirnakake wong-wong mau,
15 supaya padha remuk atine lan kang tumeka ing pati wuwuh-wuwuh ana ing ngarepe saben gapurane. Ingsun kang dhawuh ngwutahake getih kalawan pedhang iku. Adhuh, pedhange iku kagawe kayadene kilat lan digebeg kanggo ngwutahake getih.
16 Medhanga manengen, mangiwa, menyanga ngendi bae arepira.
17 Sarta Ingsun uga bakal akeplok-keplok tuwin bentering panggalihingSun banjur wus lilih. Ingsun Yehuwah kang mangandikakake iku.”
18 Nuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:
19 “He, sira anaking manungsa, nggambara dalan loro kang bakal diliwati ing pedhange ratu ing Babil, loro-lorone iku saka nagara siji. Sira masanga plang-dalan ing wiwitane dalan kang ngener menyang ing saben kutha.
20 Sira nggambara dalan kang kanggo liwat pedhang mau anggone banjur nglawan Raba, kutha-karajane bani Amon lan nglawan Yehuda, marang beteng Yerusalem.