15 supaya padha remuk atine lan kang tumeka ing pati wuwuh-wuwuh ana ing ngarepe saben gapurane. Ingsun kang dhawuh ngwutahake getih kalawan pedhang iku. Adhuh, pedhange iku kagawe kayadene kilat lan digebeg kanggo ngwutahake getih.
16 Medhanga manengen, mangiwa, menyanga ngendi bae arepira.
17 Sarta Ingsun uga bakal akeplok-keplok tuwin bentering panggalihingSun banjur wus lilih. Ingsun Yehuwah kang mangandikakake iku.”
18 Nuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:
19 “He, sira anaking manungsa, nggambara dalan loro kang bakal diliwati ing pedhange ratu ing Babil, loro-lorone iku saka nagara siji. Sira masanga plang-dalan ing wiwitane dalan kang ngener menyang ing saben kutha.
20 Sira nggambara dalan kang kanggo liwat pedhang mau anggone banjur nglawan Raba, kutha-karajane bani Amon lan nglawan Yehuda, marang beteng Yerusalem.
21 Amarga ratu ing Babil bakal ana ing dalan simpangan kono, yaiku ing wiwitane dalan loro mau, prelu arep nindakake patenungan. Panahe dikrocok, terafim dijaluki pituduh lan atining kewan katiti-priksa.