Yeheskiel 21:23-29 JAV

23 Nanging tumrap wong-wong mau, iku kaaranan patenungan apus-apusan, sanadyan padha nglairake sumpah kang dakik-dakik, nanging wong iku eling marang kaluputane wong mau, mulane banjur padha dicekel.

24 Awit saka iku -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing sarehne anggonira padha nglakoni kaluputanira iku njalari banjur kelingan marga saka kawiyake panerakira iku, satemah dosa-dosanira ing sajrone sakehing panggawenira tumuli padha kasumurupan, ing sarehne sira banjur padha dadi kelingan maneh, mulane sira bakal padha dicekel kalawan kekerasan.

25 Anadene sira, he ratu ing Israel, wong duraka kang ala, kang wus tumeka ing titimangsanira tampa pangadilan kang wekasan,

26 mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Serbanira sira singkirna lan mbuwanga makuthanira! Kaanan saiki iki ora ana kang tetep, kang endhek kadhuwurake, kang dhuwur kudu kaendhekake.

27 Reruntuhan, reruntuhan, bakal Sundadekake reruntuhan! Iki uga bakal ora lestari mangkono, nganti sarawuhe kang kagungan wewenang marang iku, kang bakal Sunparingake iku.”

28 “Anadene sira, he anaking manungsa, medhara wangsit lan mratelakna: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah tumrap bani Amon sarta panacade marang wong-wong iku: Pedhang, pedhange wus kaunus kanggo ngwutahake getih, wus kagebeg kanggo nyirnakake lan supaya gilap kaya kilat --

29 ing nalika iku wong nyumurupi wahyu-wahyu kang goroh tumrap sira lan nandukake patenungan apus-apusan marang sira -- supaya banjur katamakake ing gulune para wong kang duraka lan ala, kang wus tumeka ing waktune bakal tampa pangadilan kang wekasan.