7 Dene manawa padha takon marang sira: Yagene kowe sesambat? Wangsulana: Marga saka ana pawarta! Manawa pawarta iku wus sumebar, saben wong atine bakal remuk lan sakehe tangan dadi jimpe, sakehe semangat ilang lan sakehe wong padha giris nganti kapoyuh-poyuh. Lah iku bakal teka lan mesthi bakal kelakon. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”
8 Banjur ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:
9 “He, anaking manungsa, sira medhara wangsit lan pratelakna: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Pedhang! Pedhang! Kang wus diasah lan uga wus kagebeg!
10 Diasah kanggo ngwutahake getih lan kagebeg supaya kelap-kelap kaya kilat. Apa aku kabeh bakal padha bungah-bungah? -- Tekene putraningSun iku ngremehake sawernane kayu!
11 Pedhang iku kapasrahake supaya kagebeg lan kena dianggo; pedhang iku kaasah lan kagebeg nuli kawenehake marang ing tangane si juru memateni.
12 Jerit-jerit lan nangisa, he anaking manungsa! Amarga pedhang iku kanggo nglawan umatingSun tuwin nglawan sakehing panggedhening Israel; wong-wong iku lan umatingSun padha bareng kamangsa ing pedhang. Mulane sira ceblek-cebleka cethik minangka tandhaning kasusahan.
13 Awit wis kelakon cinoba lan ora ana siji bae kang bisa tahan. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.