1 Tumuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:
2 “He, sira anaking manungsa, apa sira gelem nibakake paukuman, nibakake paukuman marang kutha kang kebak getih iku? Iku sira kandhanana bab sakehing panggawene kang nistha,
3 sarta tutura: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Heh kutha kang ngwutahake getih ana ing tengahira, satemah wus tumeka ing mangsane tibaning paukumanmu, lan kang gawe brahala-brahala kang najisake sira.
4 Marga saka anggonira ngwutahake getih iku sira nindakake kaluputan, tuwin marga saka anggonira gawe brahala-brahala iku sira dadi najis; marga saka mangkono sira njalari tekane mangsanira lan wekasaning taun-taunira. Mulane sira Sundadekake cacadaning para bangsa lan pepoyokaning sakehe nagara.
5 Kang cedhak tuwin kang adoh saka sira bakal padha moyoki sira, kang kejuwara kanisthanira tuwin kang kebak ruara iku.
6 Lah para panggedhening Israel padha ngendelake kakuwatane anggone ngwutahake getih ana ing tengahira.
7 Ana ing sira bapa lan biyung padha dicecamah lan ana ing tengahira wong manca dikaniaya, ana ing sira bocah yatim lan randha padha katindhes.