11 Kang siji tumindak nistha karo bojone pepadhane, dene sijine nglakoni mangkono karo mantune wadon, ana maneh kang sapaturon karo sadulure wadon anake bapakne.
12 Ing tengahira ana wong kang nampani besel kanggo ngwutahake getih; sira nganakake dhuwit utawa njaluk anakan tuwin gawe pitunaning pepadhanira kanthi patrap nindhes, nanging sira ora eling marang Ingsun. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.
13 Lah Ingsun akeplok-keplok marga saka kauntunganira kang nistha lan marga saka getih kang kawutahake ana ing tengahira.
14 Apa atinira bakal tetep kuwat lan tanganira rumangsa rosa samangsa Ingsun matrapi sira? Ingsun Yehuwah kang mangandikakake iku lan kang bakal nindakake iku uga.
15 Sira bakal Sunbuyarake ana ing antarane para bangsa lan Sunsebar ana ing nagara-nagara sarta najisira bakal Sunsirnakake saka ing sira.
16 Sabanjure sira bakal kanajisake ana ing ngarepe para bangsa marga saka kasalahanira dhewe sarta sira bakal sumurup manawa Ingsun iki Yehuwah.”
17 Tumuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene: