14 Apa atinira bakal tetep kuwat lan tanganira rumangsa rosa samangsa Ingsun matrapi sira? Ingsun Yehuwah kang mangandikakake iku lan kang bakal nindakake iku uga.
15 Sira bakal Sunbuyarake ana ing antarane para bangsa lan Sunsebar ana ing nagara-nagara sarta najisira bakal Sunsirnakake saka ing sira.
16 Sabanjure sira bakal kanajisake ana ing ngarepe para bangsa marga saka kasalahanira dhewe sarta sira bakal sumurup manawa Ingsun iki Yehuwah.”
17 Tumuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:
18 “He, anaking manungsa, tumrap Ingsun turune Israel iku wus dadi taining logam; wong kabeh iku kayadene tembaga, timah putih, wesi lan timah ireng ing sajroning pawon paleburan; kayadene tai salaka.
19 Mulane mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing sarehne sira kabeh padha dadi tai logam, mulane lah sira bakal padha Sunklempakake ana ing satengahe Yerusalem.
20 Kayadene wong kang ngumpulake salaka, tembaga, wesi, timah ireng lan timah putih ana ing pawoning paleburan lan ngububi genine ing sangisore kanggo nglebur iku, iya kaya mangkono anggoningSun bakal nglempakake sira kabeh ing sajroning bebenduningSun lan dedukaningSun lan sira bakal Sundekek ana ing kono sarta Sunlebur.