19 Mulane mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing sarehne sira kabeh padha dadi tai logam, mulane lah sira bakal padha Sunklempakake ana ing satengahe Yerusalem.
20 Kayadene wong kang ngumpulake salaka, tembaga, wesi, timah ireng lan timah putih ana ing pawoning paleburan lan ngububi genine ing sangisore kanggo nglebur iku, iya kaya mangkono anggoningSun bakal nglempakake sira kabeh ing sajroning bebenduningSun lan dedukaningSun lan sira bakal Sundekek ana ing kono sarta Sunlebur.
21 Ingsun bakal nglempakake sira kabeh lan banjur Sunsemprot kalawan genining dedukaningSun, satemah sira padha kalebur ana ing sajroning pawon iku.
22 Kayadene salaka kalebur ana ing pawon paleburan, iya kaya mangkono anggonira bakal padha kalebur ana ing kono. Sira nuli bakal padha sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah, kang ngesokake bebenduningSun marang sira.”
23 Sawuse mangkono banjur ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:
24 “He, anaking manungsa, sira ngandhanana mangkene: Sira iku tanah kang ora oleh udan, ora oleh banyu ing mangsa bebendu,
25 kang panggedhene ana ing satengahe padha kaya singa nggero, kang ndekep memangsane: manungsa diuntal, raja-branane lan barang-barang kang ana ajine dirampas, cacahing randha kang ana ing satengahe kagawe saya wuwuh-wuwuh.