4 Marga saka anggonira ngwutahake getih iku sira nindakake kaluputan, tuwin marga saka anggonira gawe brahala-brahala iku sira dadi najis; marga saka mangkono sira njalari tekane mangsanira lan wekasaning taun-taunira. Mulane sira Sundadekake cacadaning para bangsa lan pepoyokaning sakehe nagara.
5 Kang cedhak tuwin kang adoh saka sira bakal padha moyoki sira, kang kejuwara kanisthanira tuwin kang kebak ruara iku.
6 Lah para panggedhening Israel padha ngendelake kakuwatane anggone ngwutahake getih ana ing tengahira.
7 Ana ing sira bapa lan biyung padha dicecamah lan ana ing tengahira wong manca dikaniaya, ana ing sira bocah yatim lan randha padha katindhes.
8 Samubarang kang suci tumrap Ingsun sira anggep dudu apa-apa sarta dina-dina SabatingSun sira najisake.
9 Juru pitenah padha ana ing tengahira sumedya ngwutahake getih, uga wong kang mangan daging kurban ing gunung-gunung; wong padha nglakoni kanisthan ana ing tengahira.
10 Ana ing sira wong kelakon ngungkabi kawirangane bojone bapakne lan sapaturon karo wong wadon kang lagi nggarap sari kang gawe najise.