1 Tumuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:
2 “He, anaking manungsa, ana wong wadon loro, kang tunggal biyung.
3 Karone padha dadi wanita tuna-susila ana ing tanah Mesir; anggone tumindak mangkono nalika isih enom; ana ing kana payudarane kaemek-emek lan dhadhane kang isih prawan kaucel-ucel.
4 Kang tuwa jenenge Ohola dene kang enom Oholiba. Loro-lorone iku kagunganingSun lan padha nglairake anak lanang lan wadon. Mungguh jeneng-jeneng mau, Ohola iku yaiku Samaria, dene Oholiba iku Yerusalem.
5 Kacarita Ohola iku laku sedheng, mangka dadi kagunganingSun. Banget anggone kedanan marang para dhemenane, para wong Asyur, para pahlawan perang,
6 kang manganggo jarit wungu tuwa, para bupati lan para kang nyekel pangwasa, kabeh wong enom kang nggantheng, para prajurit jejaranan.
7 Ohola laku jina karo wong-wong mau, kabeh iku padha wong Asyur pepilihan; dheweke najisake awake karo kabeh wong kang padha dikedani, lan karo para brahalane.