12 Kasmaran marang wong Asyur, marang para bupati lan para kang padha nyekel pangwasa, marang para pahlawan perang kang panganggone endah ngleluwihi, marang prajurit jejaranan, kang isih enom kabeh lan nggantheng-nggantheng.
13 Ingsun nguningani anggone najisake awake; loro-lorone kalakuane padha.
14 Malah anggone nglakoni kanisthan diwuwuh-wuwuhi: dheweke weruh gambar-gambar wong lanang ukiran ana ing tembok, gambare para wong Kasdim, kang kaukir mawa warna abang,
15 bangkekane sinabukan, nganggo serban mawa kloncer, kabeh katon prawira-prawira kayadene wong Babil saka ing Kasdim, tanah kalairane!
16 Sawuse ndeleng iku mau, banjur kasmaran marang wong-wong mau, nuli kongkonan marani menyang ing tanah Kasdim.
17 Banjur ana wong Babil kang padha teka lan sapaturon sarta najisake Oholiba kalawan kanisthane; bareng wus dadi najis nuli sumingkir saka ing wong-wong mau.
18 Sarehne anggone nglakoni kanisthan iku blak-blakan lan ngungkabi kawirangane, mulane Sundohi marga saka anggoningSun eneg, kayadene anggoningSun ngedohi sadulure wadon.