15 bangkekane sinabukan, nganggo serban mawa kloncer, kabeh katon prawira-prawira kayadene wong Babil saka ing Kasdim, tanah kalairane!
16 Sawuse ndeleng iku mau, banjur kasmaran marang wong-wong mau, nuli kongkonan marani menyang ing tanah Kasdim.
17 Banjur ana wong Babil kang padha teka lan sapaturon sarta najisake Oholiba kalawan kanisthane; bareng wus dadi najis nuli sumingkir saka ing wong-wong mau.
18 Sarehne anggone nglakoni kanisthan iku blak-blakan lan ngungkabi kawirangane, mulane Sundohi marga saka anggoningSun eneg, kayadene anggoningSun ngedohi sadulure wadon.
19 Anggone nglakoni kanisthan wuwuh-wuwuh maneh kalawan kelingan marang dhek enome, nalika tumindak nistha ana ing tanah Mesir.
20 Mitra-mitrane kang diajak laku nistha iku dikedani, kang kawirangane kaya kawirangane kuldi lan dakare kaya dakar jaran.
21 Sira kepengin marang pokalira kang rusuh nalika enomira, nalika wong Mesir padha nguyel-uyel dhadhanira lan ngemek-emek payudaranira kang isih prawan.