34 Iku sira ombe saampase,nganti tekan remukane sira krikiti sarta sira ngruwes-ngruwes payudaranira.Sabab Ingsun kang mangandikakake iku; mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.
35 Awit saka iku mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sarehne sira lali marang Ingsun lan nyingkur marang Ingsun, saiki sira dhewe kang nanggung pokalira kang jember lan tindakira kang nistha.”
36 Sang Yehuwah banjur ngandika marang aku: “He, anaking manungsa, apa sira gelem ngadili Ohola lan Oholiba, tuwin martani bab tumindake kang nistha?
37 Awit wong iku padha laku bedhang, tangane kuthah getih, padha laku bedhang kanthi patrap nyembah marang para brahalane minangka pangane.
38 Kajaba saka iku padha duwe pokal mangkene marang Ingsun; padha najisake pasuceningSun ing dina iku, sarta padha nerak kasucening dina-dina SabatingSun.
39 Sabanjure nalika padha nyembeleh anak-anake kanggo para brahalane iku, ing dina iku iya nekani pasuceningSun lan nerak kasucene. Sanyata iki kang ditindakake ana ing padalemaningSun.
40 Wuwuh maneh padha nyeluk wong-wong saka ing panggonan kang adoh kalawan nglakokake kongkonan ngundang wong-wong mau, sarta iku, iya banjur padha teka. Marga saka tekane mau sira nuli adus nganti resik, alisira sira pulas lan sira banjur nganggo pepasren.