37 Awit wong iku padha laku bedhang, tangane kuthah getih, padha laku bedhang kanthi patrap nyembah marang para brahalane minangka pangane.
38 Kajaba saka iku padha duwe pokal mangkene marang Ingsun; padha najisake pasuceningSun ing dina iku, sarta padha nerak kasucening dina-dina SabatingSun.
39 Sabanjure nalika padha nyembeleh anak-anake kanggo para brahalane iku, ing dina iku iya nekani pasuceningSun lan nerak kasucene. Sanyata iki kang ditindakake ana ing padalemaningSun.
40 Wuwuh maneh padha nyeluk wong-wong saka ing panggonan kang adoh kalawan nglakokake kongkonan ngundang wong-wong mau, sarta iku, iya banjur padha teka. Marga saka tekane mau sira nuli adus nganti resik, alisira sira pulas lan sira banjur nganggo pepasren.
41 Sira lungguh ing paturon kang sarwa endah, kang ing ngarepe ana mejane kang wus tinatanan dhedhaharan; paturon iki sira dokoki dupa lan lenga kagunganingSun.
42 Tumuli keprungu swarane wong kang padha rame-rame, padha seneng-seneng karo dheweke lan karo para wong panunggalane wong akeh, kawuwuhan para wong mendem saka ing ara-ara samun. Iku padha ngetrapi gelang ing tangane lan makuthaning kamulyan ing sirahe.
43 Ingsun banjur ngunandika: Apa kembang kang wus alum iki isih laku jina? Wong padha bebedhangan karo dheweke, iya karo dheweke.