42 Tumuli keprungu swarane wong kang padha rame-rame, padha seneng-seneng karo dheweke lan karo para wong panunggalane wong akeh, kawuwuhan para wong mendem saka ing ara-ara samun. Iku padha ngetrapi gelang ing tangane lan makuthaning kamulyan ing sirahe.
43 Ingsun banjur ngunandika: Apa kembang kang wus alum iki isih laku jina? Wong padha bebedhangan karo dheweke, iya karo dheweke.
44 Wong-wong mau anggone mara kaya patrape wong nekani wanita tunasusila. Kaya mangkono anggone padha nekani Ohola lan Oholiba prelu nindakake kanisthan.
45 Nanging para wong bener lan saleh bakal ngakimi wong-wong mau kayadene wong kang ngakimi para wong kang laku jina lan kang ngwutahake getih, amarga wong-wong iku padha laku jina lan tangane kuthah getih.”
46 Awit pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: “Cikben ana wong sagolongan kang nglawan marang wong-wong mau, cikben padha disiya-siya lan dijarah-rayah.
47 Bakal padha dibenturi watu dening wong sagolongan mau tuwin dipateni kalawan pedhange, lan omahe padha diobong nganti entek.
48 Ingsun bakal nguwisi tindak nistha ing tanah kono sarta para wong wadon bakal migatekake pepenget iku lan ora bakal nindakake kanisthan maneh kaya kang padha sira lakoni.