12 Nanging rekasaningSun iku tanpa guna, sabab taiyenge kang kandel iku ora gelem ilang, sanadyan ana ing sajroning geni.
13 Ing sarehne sira najisake awakira kalawan kanisthanira sarta Ingsun karsa ngresikake sira, nanging sira ora dadi resik, mulane sira ora bakal karesikan maneh, nganti Ingsun wus ngesokake dukaningSun marang sira.
14 Ingsun Yehuwah, kang mangandikakake iku. Iku mesthi bakal kelakon sarta Ingsun kang bakal nandukake. Ingsun ora bakal mundur lan ora bakal ngraos mesakake sarta ora bakal keduwung. Sira bakal Sunadili manut panggawenira, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”
15 Sawuse mangkono tumuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:
16 “He, anaking manungsa, lah Ingsun bakal mundhut saka ing sira kang banget sira tresnani kalawan lara dadakan, nanging sira aja ngadhuh-adhuh utawa nangis sarta aja ngruntuhake eluh.
17 Anggonira ngesah aja nganti nywara, aja nganakake patangisan kepaten; ubedna serbanira lan nganggoa trumpahira, aja nutupi rainira lan aja mangan roti palayadan.”
18 Esuke aku rembugan karo bangsa iku, sorene bojoku tinggal donya. Esuke ing dina candhake aku nglakoni apa kang kadhawuhake marang aku.